null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
Section categories
SAKING TRIWIDA [5]
KIRIMAN MITRA [0]
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
Main » Articles » SAKING TRIWIDA

RANCAGE 2006
Bebungah Sastra Rancage 2006 


Yayasan Kebudayaan “Rancage” kang kantor pusate ing Jl. Rawabambu No. 38 Pasarminggu Jakarta, lan kang dipandhegani dening sastrawan Ayip Rosidi, taun 2006 iki aweh pangaji-aji lan bebungah maneh marang sastrawan Sunda, Jawa lan Bali. Kaya sing uwis-uwis pangaji-aji lan bebungah diwenehake marang sastrawan kang kasil ngasilake karya sastra wujud buku lan sastrawan kang kapiji gedhe lelabuhane tumrap ngrembakane basa lan sastra dhaerah Sundha, Jawa lan Bali. Sok ngonoa, bebungah Rancage taun 2006 iki klebu rambahan kaping 18 sing ditampa dening sastrawan Sunda, kaping 13 dening sastrawan Jawa lan kaping 9 dening sastrawan Bali.
Wondene kang kalebu begja kasil nampa pangaji-aji lan bebungah taun 2006 iki yaiku : 1. Kanggo Sastra Sundha : Yous Hamdan kanthi antologi cerkake kang sesirah : Geus Surup Bulan Purnama sarta Abdullah Mustappa minangka pawongan kang gedhe lelabuhane tumrap basa lan sastra Sundha. 2. Kanggo Sastra Jawa : Suwardi Endraswara (Yogyakarta) kanthi antologi cerkake sesirah : Senthir sarta Suwignyo Adi ( Tiwiek SA ) (Tulungagung) minangka pawongan kang dianggep gedhe lelabuhane tumrap basa lan sastra Jawa. 3. Kanggo Sastra Bali : Ida Bagus Wayan Widiasa Keniten kanthi antologi crita cekake sesirah : Buduh Nglawang sarta Drs. Ida bagus Agastia minangka pawongan kang gedhe lelabuhane tumrap basa lan sastra Bali.
Pangaji-aji lan bebungah wus katampakake dhek dina Setu tanggal 29 April 2006 kepungkur manggon ing Auditorium FPMIFA Universitas Pendidikan Indonesia ( UPI ) Jl. Dr. Setiabudi 229 Bandung ing adicara kang banget semuwa. Sowang-sowang antuk bebungah saka Yayasan Rancage arupa dhuwit cacah limang yuta rupiyah lan piagem, sarta plaket lan buku-buku saka Universitas Pendidikan Indonesia (UPI). Rawuh ing adicara kasebut yaiku para pengurus Yayasan Rancage – tan kari panjenengane Pak Ayip Rosidi sagotrah - juri, donatur, rektor lan dhosen UPI, penerbit Kiblat Buku Utama, sarta para pengamat sastra.
Ing bengi sadurunge iku, ( malem Setu ) uga dianakake jamuan makan malam sing diterusake ramah tamah kanthi adicara tetepungan, panggih sastrawan lan juri, sarta mbabar pangalaman lan ngesok panguneg-uneg tumrap sing nampa pangaji-aji. Ing kalonggaran kasebut Bapak Ayip Rosidi minangka Ketua Dewan Pembina Yayasan Rancage, njlentrehake kanthi reringkesan riwayat madege Yayasan Rancage.
Didhawuhake, sakawit kang antuk bebungah lan pangaji-aji Rancage (basa Jawane: lelahanan) mung mligi sastrawan Sunda kanthi dhuwit sing diwetokake saka kanthong pribadi. Wondene kang nyurung niyat kasebut awit kadidene sastrawan Pak Ayip rumangsa prihatin dene para sastrawan lan karya sastrane sasat ora oleh kawigaten saka pamarentah. Arang banget pamarentah menehi pangaji-aji marang sastrawan. Beda karo olahragawan kang menang tetandhingan kang ajeg disubya-subya. Ya bab kasebut kang nuwuhake tekade Pak Ayip kanggo ngangkat drajating sastrawan.
Rumaos yuswane saya ngunduri sepuh, Pak Ayip Rosidi kuwatir lamun sawayah-wayah kapundhut, pakulinan paring pangaji-aji marang sastrawan iki mandheg ora ana sing nerusake.
Mula banjur adeg yayasan sing dijenengi Yayasan Kebudayaan Rancage kanthi Akta Notaris Imas Fatimah, SH No. 136 Tanggal 23 Maret 1993. Kanthi madege yayasan iki kalungguhane sansaya kuwat. Mula wiwit taun 1994 sing diparingi pangaji-aji ora mung mligi karya sastra Sunda, nanging uga sastra Jawa. Malah wiwit taun 1998 ditambah maneh sastra Bali. Mangkono dileksanakake ing saben taun tanpa gothang.
Nalika teka gilirane para kang antuk pangaji-aji kudu mbeberake pangalaman lan panguneg-unege, sasat meh kabeh ora nduga yen bakal antuk kanugrahan. Kaya umpamane Suwignyo Adi ( Tiwiek SA ). Pengarang Jawa asal Tulungagung iki babarpisan ora duwe angen-angen lan ambisi antuk bebungah Rancage. Awit ngrumangsani yen karya-karyane kurang duwe bobot sastra. Mula nalika Pak Suparto Brata mrayogakake supaya dheweke nerbitake buku, ya mung dienggihi bae tanpa tumandang. Tuwas nerbitake buku ngaya-aya ( gek mangka kudu wragad dhewe ) yen tundhone bukune ora diwaca dening liyan jalaran kurang bobot, rak muspra. Ngono panemune. Jebul luput ing panyana, mara-mara entuk surat saka Yayasan Kebudayaan Rancage sing aweh weruh yen dheweke kapilih minangka salah siji kang bakal nampa bebungah Rancage 2006 jalaran lelabuhane. Bisa uga dhasar tetimbangane, kejaba anggone kekiprah ing donyane basa lan sastra Jawa pancen wis suwe ( 35 taun ), uga jalaran kasil ngimpun para mudha ing sawijining wadhah - kang sabanjure dijenengake Sanggar Sastra Triwida - kang duwe kegiyatan nguri-uri basa lan sastra Jawa. Sanggar kasebut lestari tekan seprene malah anggotane tambah-tambah.
Sing agawe meri tumrap sastrawan Jawa lan Bali, yaiku ing Bandung madeg penerbit buku kang sasat mung nerbitake buku-buku basa Sunda. Yaiku Penerbit Kiblat Buku Utama. Kanthi anane penerbit iki sastrawan Sunda darbe ajang jembar kanggo nerbitake karya-karyane. Tur ora dadak kelangan wragad kepara antuk royalty , awit penerbit kasebut siyaga ngragadi lan masarake buku-buku terbitane. Beda karo Jawa (luwih-luwih Jawa Timur) lan Bali. Pak Suparto Brata nerbitake Trem, Donyane Wong Culika, Si lan Man kudu wragad dhewe. Semono uga Ida Bagus Wayan Widiasa Keniten, kanggo nerbitake Buduh Nglawang kepeksa dadak dodolan sapi!
Kapan ya ing Jawa lan Bali ana penerbit sing asipat nirlaba kaya penerbit Kiblat Buku Utama?
Kejaba ngenani penerbitan buku-buku basa Sunda, ing Bandung uga mbrubul muncule udyana basa Sunda. Kejaba Mangle lan Swara Cangkurileung, sing terbit kari-kari iki antara liya Cupumanik ( terbit wulanan ) lan Koran Sunda ( terbit dinan ). Sauntara iku udyana basa Jawa kari Panyebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodang lan Damar Jati. Sing arupa koran dinan ora ana. Ndulu kanyatan iki nuduhake manawa wong Sunda luwih tumemen anggone niyat nggondheli budaya lan basane. Sedheng wong Jawa katresnane marang budaya lan basane ana kesan wiwit luntur. *
( Nurul’ S ).
Category: SAKING TRIWIDA | Added by: Eddie (2009-10-06)
Views: 674 | Comments: 2 | Rating: 0.0/0
Total comments: 0
Name *:
Email *:
Code *:
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz