null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
Sanggar Triwida Satleraman:

TELUNG PULUH TAUN LABUH TRESNA

     nullSanggar Sastra Triwida, sateruse karan Triwida, minangka ajang kiprahe para pengarang/penulis Sastra Jawa Gagrag Anyar lan pandhemen sastra lisan, tansah kepengin aweh "isi” ing donyaning kasusastran. Trubus saka pang garing, dudu ukara mung saklimah tanpa makna. Luwih saka iku. Milah lan milih ukara kang pas kanggo nggambarake kahanan Sanggar Triwida, ora mung winates ing kahanane srengenge kayadene; Wetan Rantak-rantak (1983), Esuk Kencar-kencar (1990), Byar (1995), lan Sumunar (2002), nanging irah-irahan reroncening crita cekak taun 2005 luwih trep karan Trubus saka Pang Garing. Taun 2010 iki kasil nyitahk antologi cerkak "Mrajak” kang diterbitake JP Books Surabaya.
     Bebasane sanajan saka pang garing nanging isih bisa trubus kang diajab godhonge ngrembuyung, mekar kembange, lan uwoh kang ledhung-ledhung. Nyebar ganda arum dadi bun panguripan ing tlatar cengkar. Slaras maknane Triwida kang saiki, nduweni telung ganda wangi. Arum basane, arum sastrane, lan arum kandhutane. Dudu Triwida (triwida = telu wilayah daerah = Tulungagung, Trenggalek lan Blitar) maneh kaya sing diancas nalika bibit sakawit madeg dhek 18 Mei 1980. Wiwit anane Yayasan Triwida kanthi akte notaris nomer 89 tanggal 22 Maret 1990 lan minangka sanggar sastra wis kadhaftar ing Dinas Pariwisata dan Kebudayan Kab. Tulungagung kanthi nomer: 216/424.50/NBK.KS.O/2002 saiki wis mrambah saindenging jagad Ora mung mligi ingtelung kutha mau nanging saiki Triwida dumadi saka Tri = telu, Wida = Arum (arum basane, arum sastra, lan arum kandhutane/isine). Wargane wis tumangkar ing 11 kutha/kab kajaba Tulungagung, Blitar, lan Trenggalek taun 2010 iki tumekaning Kediri, Madiun, Pacitan, Ponorogo, Malang, Lamongan, lan Ngawi. 
     Kiprahe Triwida ing jagading basa lan sastra, minangka Peserta (kanca 10) lan Pemakalah (Pak Tamsir AS) ing Kongres Basa Jawa (KBJ) I taun 1991 ing Semarang, Peserta (kanca 6) lan Pemakalah (Pak Tamsir AS) KBJ II taun 1996 ing Malang, Peserta (kanca 2) lan Pemakalah (Narko Budiman) KBJ III taun 2001 ing Jogyakarta lan KBJ IV taun 2006 ing Semarang. Ing taun 2001 uga melu mbidhani anane Kongres Sastra Jawa I ing Sala.
     Ing babagan penulisan basa lan sastra Indonesia, wis akeh kanca Triwida sing kasil nggayuh juwara sawenehing lomba tingkat Nasional utamane babagan pembelajaran lan buku fiksi. Mula ora umuk yen kasil nambah koleksi perpustakaan sekolah sa-Indonesia. Semono uga, saka tangane warga Triwida terbit buku-buku bahan ajar SD lan SMP kang wis dadi buku pegangan guru lan murid. Anane tamu saka pawiyatan luhur (UNS, UNEJ, UGM, UNY, Unesa, UM) kanga ngadani penelitian kanggo skripsi lan thesis tumrap karya-karyane warga Triwida mujudake yen sanggar Triwida minangka sumber kaweruh ilmiah. 
     Kajaba melu kongres, seminar, lokakarya lan sarasehan ing njaba kutha/provinsi, Triwida uga ngadani kegiyatan kang padha mbarengi saben ambal warsa. Taun 1985 ing pendhapa Trenggalek, taun 1990 ing pendhapa Tulungagung, taun 1995 ing Tulungagung, taun 2002 ing Pendhapa Kab. Blitar lan ing Balekota Blitar. Ing pengetan Seprapat Abad tanggal 4-5 Juli 2005 kepungkur menehi bebana marang Pengarang Cerkak Remaja lan Penyiar Radhio Berbahasa Jawa Terbaik sarta ngadani Diskusi Sastra lan Seminar Nasional Basa, Sastra, lan Tatakrama Jawa ing Pendhapa Kongas Arum Kusumaning Bangsa Kab. Tulungagung sarta ing kutha-kutha liyane. Seminar Basa, Sastra lan Tatakrama Jawa wis dadi agenda rutin kayata ing Ponorogo (Januari 2008), Tulungagung (April 2008) Kediri (rencana 7 Juni 2008). Manut rancangan, Insya Allah, kanggo pengetan ambal warsa kaping 28, suk 2-3 Juli taun iki ngadani Diklat Basa lan Sastra Jawa mligi kanggo guru-guru SD/MI sa-Kab Tulungagung katerusake ing tanggal 4-5 Juli 2008 ngadani Sarasehan Sastrawan Jawa sa Indonesia ing pendhapa Kab. Tulungagung. Kajaba iku Triwida tembayatan karo Balai Basa Surabaya ngadani Pelatihan Penulisan Geguritan tumrap Tilas PSK ing Lokalisasi sa Jawa Wetan lan Pranatacara kanggo karang taruna/siswa SMA. Ing taun 2007 klakon ing Lokalisasi Semampir Kediri lan taun 2008 (11-12 Juni) ing lokalisasi Ngujang Tulungagung kang bakal diterusake ing kutha liyane. Pelatihan Pranatacara wis klakon ing Trenggalek (Mei 2008).
Penghargaan saka Balai Bahasa Surabaya lan Gubernur Jatim ditampa taun 2010 minangka lembaga pelestari seni lan budaya Jawa.  
     Sanggar Triwida kang tansah Amarsudi Basa lan Sastra Jawa nduweni alamat sing maton: KRT Surenpaten-Balerejo, Kec. Kauman,. Tulungagung. (Kotak Pos 2 Kalangbret-Tulungagung-Jawa Timur 66261). Telepon 0355-591156 utawa HP.085730957509 lan 081-335472160. Uga ana komisariat ing Blitar lan Trenggalek. Kegiyatan sapatemon saben sasi sing ajeg yaiku bedhah sastra lan ijol-ijolan kawruh sarta srana tamba kangen. Dudu arisan utawa mung klangenan wae tanpa agenda kaya sing dikira wong njaba sanggar. Mapane ngolah-ngalih (anjangsana). Sapatemon warga Triwida (sakulawargane) mau ora ana sumbangan dana saka sanggar nanging mujudake semangat guyub rukun warga. Awit ora ana kewajiban iuran tumrap warga Triwida. Ngono lho! (Narko "Sodrun” Banuroseman/Ketua Sanggar Triwida/01 Juni 2008)
=000=


FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz