null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Panjenengan
Total of answers: 13
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
SAKWISE SEPULUH TAHUN MUNGKUR
Dening : Angin N. Hidayat


     Kursi ing peron terminal bis meh kabeh kebak dening wong-wong sing padha kepengin leren. Ana sing leren amerga kepengin ngaso sedhela sakdurunge nerusake numpak bis nuju marang papan sing dituju. Ana sing leren amerga ngenteni dipapak kulawargane. Ana uga sing leren amarga isih ngenteni tekane wong sing arep dipapak.
Saka akehe wong sing nglungguhi kursi peron terminal bis iku, katon sawijining nom-noman sing bola-bali sirahe plengakan mrana-mrene. Mripate nyawang sakiwa tengene. Kala-kala ya nyawang arah dalan saka papan mudhune penumpang bis tumuju menyang papan tuku karcis peron. 

     
null
Nom-noman iku jenenge Aditya. Omahe kalebu njero kutha kono wae. Anggone keraya-raya melu ambyur ing kursi peron terminal bis kuwi rak merga dheweke antuk amanat saka Bu Astuti, tangga ngarep omahe pas sing wingi tas teka saka Jakarta saperlu arep bali manggon dadi tanggane. Critane rak ngene!
     Sepuluh tahun kepungkur nalika Aditya isih kelas papat SD, Bu Astuti melu garwane pindhah menyang Jakarta. Garwane Bu Astuti dimutasi dadi pejabat penting ing ibu kota kuwi. Mula Bu Astuti sakulawarga banjur pindhah menyang Jakarta awit ing Jakarta garwane Bu Astuti wis oleh jatah omah dinas. Omahe Bu Astuti banjur dititipake marang wong tuwane Aditya kuwi. Dikontrakna oleh, dienggoni ya oleh. Bu Astuti ngendika yen mbesuk kepengin bali maneh yen garwane wis pensiun.
Lha wingin kuwi Bu Astuti rawuh saka Jakarta dhewekan. Garwane wis seda telung wulan kepungkur. Anak wadon sing mung siji ndhil isih nang Jakarta saperlu ngrampungake bab sing isih perlu diurus. Sesuk jare arep nyusul ibune.
Esuk mau Bu Astuti njaluk tulung Aditya diutus mapak putrane sing arep teka saka Jakarta. 
     "Aku khuwatir gek mengko Rahayu bingung nggoleki alamat kene. Soale wis rong puluhan tahun ora nate mrene. Yen alamat kene pancen wis dakwenehi. Tulung ya nak Adit, papaken Rahayu jam-jaman telu sore ngono! Mengko bocahe tak SMSe yen arep kokpapak nang terminal bis!” ngono mau panjaluke Bu Astuti marang Aditya. 
     Aditya isih bola-bali plengakan nggoleki blegere cewek sing kira-kira pantes dadi putrane Bu Astuti sing jenenge Rahayu. Saben ana cewek liwat mesthi disawang. Kadhang cewek sing disawang gage nyepetake lakune. Mbokmenawa wedi yen Adit kuwi kalebu bangsane copet utawa tukang gendam. Ana cewek sing cuek bebek. Ana sing malah mesam-mesem ketara yen seneng disawang cowok nggantheng. Ana uga sing males menthelengi Adit nganti Adit dadi salah tingkah. 
     Adit ngukuri sirahe sing ora gatel. Wah, piye iki? Nek nyowang-nyawang cewek sing padha liwat, isa-isa malah dikira arep tumindak jahat? Adit plengakan rana-rene maneh. Ora let suwe ana SMS saka Bu Astuti sing menehi weruh yen Rahayu wis meh tekan terminal bis.
     Adit nyicil ayem. Dheweke banjur ngira-ngira kepriye ya rupaane Rahayu saiki. Sepuluh tahun kepungkur Rahayu kuwi adik kelase ing SD. Rahayu kelas loro SD. Apa tambah ayu, ya? Kamangka biyen rupane biasa wae. Untune ngarep sisih ndhuwur gigis. Gawene digodha diwedeni uler nganti jerit-jerit. 
Wektune wis meh ngarepake maghrib. Bokonge Adit panas merga wiwit jam telu luwih seprapat mau lungguh terus. Adit kepengin ngilangi rasa panas ing bokonge. Dheweke banjur ngadeg ninggal kursi sing mau dilungguhi. Mripate isih nyawang mrana-mrene.  
     Sakwise bokonge wis ora krasa panas maneh, Adit kepengin bali lungguh menyang panggone mau. Lhadalah! Jebul kursi sing ditinggal mau wis dipanggoni cewek sing ayune uleng-ulengan. Rupane memper artis sinetron sing sering muncul nang televisi. Mbuh memper artis sinetron sapa, Adit ora apal jenenge. Lha wong bintang-bintang sinetron sing ayu saiki saambreg-ambreg kok. Sing jelas, ora memper Mpok Atik utawa Omas lho! Hehehe.
Adit clilengan golek kursi kosong. Ana kursi kosong ing sisihe cewek ayu uleng-ulengan mau. Adit banjur gage marani kursi iku.
     "Nuwun sewu, Mbak!” tembunge Adit nalika ngliwati cewek ayu kuwi. Cewek ayu kuwi meneng wae. Cewek kuwi malah ngetokake handphone saka tase njur ibut nelpon. 
     "Buk, kula mpun teng terminal! Ingkang njemput pundi? Dereng panggih niku, ” swarane cewek ayu kuwi ngomong nganggo hapene.
     Ora let suwe hapene Adit muni. Adit mbukak SMSe. SMSe saka Bu Astuti. Ngandakake yen Rahayu wis tekan terminal lan mentas wae nelpon. 
     Adit nglirik cewek ayu ing sisihe. Cewek ayu kuwi lagi maca SMS ing layar hapene. Dadak hapene cewek ayu kuwi muni maneh. Sajake ana SMS sing mlebu maneh. Bubar nguthek hapene, cewek ayu kuwi nglebokake hapene ana tas cangklonge. 
Adit njur mikir-mikir. Aja-aja cewek ayu ing sandhinge kuwi sing jenenge Rahayu sing arep dipapak. Suwe Adit mikir-mikir. Arep takon rada wedi. Iya yen bener Rahayu, lha yen ora? Rak ya kojur ta mengko?
Akhire Adit nekat. Dheweke rumangsa yakin yen cewek ayu ing sandhinge kuwi mesthi Rahayu. 
     "Mbak….” Lagi wae Adit arep ngomong, dadak cewek ayu kuwi menyat saka lungguhe lan marani bocah lanang sing tolah-toleh ing cedhak loket peron. Adit ndomblong. Saya ndomblong maneh bareng cewek ayu kuwi omong-omongan karo bocah lanang kuwi mau. Ing batin Adit misuh-misuh! Lambene ngempet aja nganti guyune metu. Bahaya! Bisa dikira wong ora waras mengko. Gagenan Adit ngetokake hapene njur nelpon Bu Astuti. 
     "Nuwun sewu, Bu! Nomer hapenipun Rahayu pinten? Tulung njenengan kintun mawi SMS nggih, Bu!”
     "Wadhuh, lali sakplengan aku nak Adit! Iya wis, nomer hapene Rahayu dakkirimne liwat SMS, ya!” wangsulane Bu Astuti saka njero handphone.
     Ora suwe ana SMS mlebu. SMSe Bu Astuti sing menehi weruh nomer hapene Rahayu. Adit njur ngebel nomer mau.
     "Hallo? Iki Rahayu,ta?”
     "Iki Mas Adit,ya?” 
     "Iya, Yu! Awakmu nang endi ta? Jare wis tekan terminal. Iki aku wis suwe ngenteni nang kursi tunggu peron lho!”
     "Nang kursi peron? Lho, aku mau ya nang kono kok. Saiki aku lagi nang cedhak loket karcis peron. Mau ana cowok tolah-toleh takkira yen Mas Adit. E, jebul tukang ojeg golek penumpang!. Meh wae aku njaluk dditerke dheweke. Wis saiki paranana aku nang sisih wetane loket peron ya! Aku takngenteni!”
     Adit menyat terus mlaku menyang sisih wetane loket karcis peron. Marani cewek ayu uleng-ulengan sing mau omong-omongan karo cowok. Cewek ayu kuwi cewek sing mau lungguh ing sisihe Adit nalika ing lungguh ing kursi peron. Ah, apa cewek ayu iki Rahayu tenan? Mengko gek kliru? Adit isih ragu-ragu. 
     Adit nemu akal. Hapene dienggo miscall nomere Rahayu. Sedhela wae hapene cewek ayu kuwi muni. Wah, Rahayu tenan jebule.
     "Rahayu, ya?” Adit nyapa rada ragu-ragu.
     "Mas…mas Adit, ta?” Cewek ayu kuwi uga nyapa kanthi ragu-ragu. Adit manthuk. Njur makplengeh! Bocah loro banjur ngguyu bareng. 
     Saka masjid wus keprungu adzan maghrib. Nalika swara adzan kuwi rampung ngumandhang, saka papan parkir sepedha montor ing terminal bis kuwi katon pasangan serasi boncengan nrabas surup. 
Sasuwene sepedha montoran bocah loro, atine Adit rumangsa bahagia. Adit ora ngira yen wektu sepuluh tahun wis bisa gawe rupane Rahayu malih ayu uleng-ulengan. Rahayu dhewe sing ngetapel ana boncengan ngruket bangkekane Adit mesra banget. Rahayu ya ora ngira yen wektu sepuluh tahun bisa ndadekake cowok sing nalika SD biyen digethingi malih dadi nggantheng. Ora kalah ngganthenge karo cowok-cowok Jakarta. 
     Aja padha meri karo Aditya lan Rahayu lho ya? Dongakna wae Aditya lan Rahayu mbesuk bakal bisa ngrakit tresna sing happy ending. Sapa ngerti mbesuk kabeh padha antuk undangan mantenane. 

( Crita ROMANSA iki nate kapacak ing Jaya Baya, terbitan .................. )



FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz