null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal

TAMSIR AS LAN SANGGAR SASTRA TRIWIDA
PINDHA SURUH LUMAH LAN KUREPE

( Cathetan Lelabuhane Tamsir AS lan Sejarah Madege Sanggar Sastra Triwida Mapag Ambal Warsa Sanggar Triwida kang Kaping 30 ). 



Tamsir AS lan Lelabuhane  

 
TUMRAP sutresna basa lan sastra Jawa - utamane pelanggane udyana basa Jawa Panyebar Semangat - mesthi isih kemutan karo jeneng Kaharsidi, tokoh utama ing novel Ombak-ombak Sunglon. Utawa jeneng Anale Sao lan Anting Manikam, tokoh utama ing novel Nglacak Sesotya Widuri Lumut. Jeneng-jeneng kasebut ing sakiwa-tengene taun 80-an tansah dadi pocapan. Awit lelakone pancen bisa agawe sengsem, giris, dheg-dhegan, lan penasaran. Novel loro kasebut critane pancen muyeg lan nengsemake. Sapa sing mbidhani laire tokoh-tokoh kasebut? Ora liya Tamsir AS, saweneh sastrawan Jawa gamben asal desa Tenggur Kecamatan Rejotangan Kabupaten Tulungagung, Jawa Timur. Sastrawan iki saplantaran karo Esmiet lan Suparto Brata. Emane, saiki wis suwargi ( seda taun 1997 jalaran gerah jantung 6 taun luwih dhisik tinimbang sedane Esmiet). Umpama ora keburu seda mesthine isih akeh karya sastra Jawa sing bisa diasilake. Utawa paling ora, lelakone Anale Sao karo Anting Manikam sing niyat nglacak sesotya Widuri Lumut ing pethiting Mahakam bisa ditutugake nganti tamat. (Nglacak Sesotya Widuri Lumut klebu crita serial). Sedane kanthi nggembol pangarep-arep kang kepeksa ora klakon, yaiku mbalekake jaman kencanarukmi-ne basa lan sastra Jawa kaya taun 60-an.

  Tamsir AS – kang asma jangkepe Tamsir Arif Subagyo – miyos rikala tanggal 21 Juni 1936. Pendhidhikan formal SGA (tau kuliyah njupuk jurusan Civik Hukum nanging mothol). Wiwit nulis rikala taun 1954 ing majalah Taman Putra duweke Panyebar Semangat, awujud crita bocah. Saka kono njur ajar nggawe crita cekak, kapacak ing Panyebar Semangat. Salah siji cerkake kang manjila yaiku kang sesirah Brekat Megengan. Tamsir AS lair saka kulawarga muslim ketat. Mula ora aneh, karyane akeh kang anafas Islam. Donyane santri akeh diangkat ing karya-karyane (utamane ing awal-awale nulis).  

  Nganti pungkasane taun 1996, sasat ora kawilang cacahe karya sastrane kang wis mblabar kawat. Udyana basa Jawa sing ana lan sing tau ana (kaya Kunthi, Kumandhang, Mekar Sari, lan sing isih urip Panyebar Semangat, Jaya Baya, Djaka Lodang) mesthi wis tau macak karyane. Pancen dheweke klebu pengarang sing sregep. Karyane awujud crita cekak lan crita sambung. Geguritan uga ana, ning mung sawetara. Karyane sing wis wujud buku uga akeh. Ing atarane : Kumilate Glathi Ligan, Wong Wadon Dinarsih, Krikil-Krikil Pasisir, Ombak Sandyakalaning, Sapecak Bumi Sing Kobong, Pacar Gadhing, Panunggang Si Mega, Jago Saka Bang Wetan, lan liya-liyane. Ing karya-karyane, kejaba nganggo jeneng Tamsir AS, uga asring migunakake jeneng singlon Sari ST lan Tantri Angsoka.

  Katresnane marang basa lan sastra Jawa ora tanggung-tanggung. Nganti sok ngalahake jejibahan baku minangka Guru SD. Tuladhane, najan ora ngepasi dina libur yen ana uleman sarasehan ngenani basa lan sastra Jawa – neng ngendi bae panggonane - mesthi langsung budhal. Apa maneh dheweke pancen klebu salah siji saka pengurus Organisasi Pengarang Sastra Jawa (OPSJ) pusat. Mula ora aneh yen asring entuk uleman, minangka peserta biasa utawa minangka pemakalah (malah nalika gerahe wis klebu nemen saengga pinarak bae ora jejeg, isih kober dadi pemakalah ing Kongres Basa Jawa II Malang taun 1996).

  Sarasehan Basa lan Sastra Jawa ing Sasanamulya Sala taun 1980 antara liya mutusake supaya ing dhaerah-dhaerah dibentuk organisasi kanggo madhahi kiprahe para pengarang Jawa. Bab iki disambut kanthi adreng dening Tamsir AS. Ora katalompen gage tumandang. Sing sepisanan ditindakake yaiku nyathet jenenge penulis sing sok nulis ing Jaya Baya lan Panyebar Semangat, dipilih sing dedunung ing sakiwa-tengene Tulungagung. Nalika semono mung ketemu pitu. Yaiku Susiati Martowirya saka Campurdarat Tulungagung, Tiwiek SA saka Kalidawir Tulungagung, Eko Heru Saksono saka Rejotangan Tulungagung, Tarmuji Asta saka Srengat Blitar, Yudhet lan ES Listyarini saka Blitar sarta Titah Rahayu saka Bendo Trenggalek. Jeneng-jeneng kasebut pancen wis wiwit ditepungi pemaose JB lan PS najan karyane durung akeh.

  Kanthi bunci jeneng 7 kasebut Tamsir AS ngadhep kepala PDK (saiki Dinas Pendidikan) Kabupaten Tulungagung sing kantore (wektu semana) ing Jl. Yos Sudarso 12 A. Wektu kuwi sing ngasta kepala PDK panjenengane Bapak Soekarno, BA (wis pensiun pidalem ing Malang) sing kapinujon gedhe kawigatene marang basa lan sastra Jawa. Gagasane Tamsir AS nedya gawe wadhah kekiprahe pengarang Jawa disambut kanthi renane galih dening Pak Soekarno, BA. Malah panjenengane saguh dhapuk minangka pembina.

Entuk panyengkuyung saka atasan ( wektu kuwi dhinese Tamsir AS pancen 
neng kantor PDK) ora kesuwen Tamsir AS enggal ngubungi pawongan cacah 7 kasebut ing ndhuwur. Carane ora kok diubungi lumantar surat, nanging diparani mbaka siji. Mitra sing setya mbiyantu ngancani yaiku Wahas Sopyan, wartawan Jawa Pos sing omahe kapinujon rada cedhak karo omahe Tamsir AS ing desa Tenggur. Marang ‘bocah-bocah’ (rata-rata pancen isih pelajar SLTA, sing wis diwasa mung Tiwiek SA, Susiati lan Tarmuji Asta ) kasebut Tamsir AS mbeberake niyat gawe organisasi kanggo ajang karyane. Mesthi bae bocah-bocah seneng banget. Apa maneh sing duwe gagasan Pak Tamsir AS, pengarang sing asmane wis ditepungi.


Sanggar Sastra Triwida Madeg

 
SIDANE, ing tanggal 18 Mei 1980 bocah 7 sing diubungi nglumpuk ing kantor PDK Jl. Yos Sudarso 12A Tulungagung. Nah, ya ing saat iku sanggar sastra sing wusanane diwenehi tetenger Triwida lair. Laire dibidhani Tamsir AS lan Bapak Soekarno lan disengkuyung bocah 7 kasebut, kanthi disekseni dening Wahas Sopyan (wartawan Jawa Pos) lan Randim Widodo (staf kantor PDK). 

  Triwida ngemu teges, tri = telu. Wida = wilayah daerah. Pancen anggotane Sanggar Sastra Triwida iku asal saka telung kabupaten. Yaiku Blitar, Tulungagung lan Trenggalek. Nanging uga bisa ditegesi, tri = telu. Wida = wangi. Wewangi cacah telu (tiga keharuman) Yaiku : wangi basane, wangi sastrane lan wangi kandhutane.
  Sing agawe mongkog, nalika umure Sanggar Triwida lagi ngancik 6 wulan (November 1980) antuk kalodhangan ngisi acara Apresiasi Sastra ing TVRI Surabaya sing dipandhu dening swargi Basuki Rachmat (redaktur Jaya Baya nalika iku). Kanthi mangkono jeneng Triwida wiwit ditepungi dening sutresna basa lan sastra Jawa. Sadurunge iku warta klairane bayi Triwida kasebut uga wis kapacak ing koran lan majalah.

  Ngancik ulang taune sing kapisan (18 Mei 1981), anggotane Sanggar Sastra Triwida cinathet ana 15. Penulis kang nggabung ing taun kapisan antarane yaiku : Sita T Sita (Trenggalek), Wahyudi (Blitar), Harwimuka (Blitar), Ary Suharno (Tulungagung), Sunarko Budiman (Tulungagung), Taufik Amru (Blitar), Kicuk Parta (Blitar). 

  Syarat dadi anggota sanggar pancen gampang. Kapisan wis nate nulis ing udyana basa Jawa arupa apa bae (cerkak, guritan, wacan bocah, roman sacuwil, apa tumon, lsp). Kapindho sregep teka ing patemon rutin. Kaping telu saguh nulis terus. Wis ya mung kuwi. Iuran utawa urunan ora ana. Awit, kabeh kabutuhan sanggar wis dicukupi dening ketuwane, ora liya Tamsir AS!

  Tamsir AS nduweni tekad nedya ndadekake Sanggar Triwida minangka ajang gladhen sastra Jawa tumrap anggotane. Mulane rila ngetog tenaga lan tombok bandha kanggo mujudi pepenginan kasebut. Kapinujon kejaba PNS lan pengarang, Tamsir AS uga bisnis gula abang. Mula ora mokal yen kuwawa ngragadi sanggare. Aja kok mung patemon rutin, anggota sanggar nekani uleman sarasehan neng njaban kutha ( neng Surabaya apa neng Sala ), transport lan konsumsine ya ditanggung wutuh dening Tamsir AS. Wis, pokoke anggotane diuja tenan. Ning ya kuwi mau, anggota kudu sregep nekani patemon rutin lan sregep nulis. Ora aneh yen ing antarane taun 1980 nganti 1990 tulisane warga Triwida paling kerep ngrenggani udyana-udyana basa Jawa.
   
 Kanggo ningkatake kwalitas tulisane anggota, Sanggar Triwida nate adeg bengkel sastra sing disengkuyung dening panjenengane swargi Profesor Doktor Suripan Sadihutomo. Ya nalika iki ana wacana kang tundhone mbukak wewengan anyar. Ing sela-selane paring ceramah ngenani teori sastra, swargi Suripan paring dhawuh,”Kita ora bisa urip mung njagakake asile nulis ing sastra Jawa. Apa maneh kanggo nggayuh kasugihan. Yen kepengin sugih, nulisa ing sastra Indonesia! Nanging asile gunakna kanggo nguripi sastra Jawa,” ngono dhawuhe Suripan. Ya dhawuh iki sing wusanane diugemi dening warga Sanggar Triwida.

  Ngepasi ulang taune sing kaping telu, sing dipengeti ing tanggal 22 Mei 1983, Sanggar Triwida ngundang para pengarang Jawa sak pulo Jawa manggon neng Trenggalek kanthi tembayatan karo Depdikbud. Kejaba pengarang gamben kayadene Esmiet lan Suparto Brata, rawuh ing kene antara liya Susilomurti lan N. Sakdani Darmopamujo. Ing kalodhangan kasebut diadani reorganisasi kepengurusan OPSJ. Asil reorganisasi mutusake Susilomurti minangka ketua umum nggenteni Sudarmo KD kang wis swargi.

  Nah, ya ing saat kuwi Susilomurti aweh informasi ngenani kemungkinane para pengarang Jawa nulis buku kanggo proyek Inpres. Susilomurti sing manggon neng Jakarta lan wis suwe ciblon ing donyane penerbitan saguh nglantarake tulisane para pengarang Jawa menyang penerbit-penerbit. Informasi iki ditampa kanthi gumbira - mligine dening anggota Sanggar Triwida - awit prasasat tumbu oleh tutup karo wacana sing didhawuhake dening Suripan Sadihutomo.
  Wiwit iku - kejaba isih tetep nulis ing sastra Jawa – anggota Sanggar Triwida padha rame-rame nulis buku kanggo proyek Inpres. Naskah sing wis dadi diklumpukake, sateruse dening Tamsir AS dikirim menyang Susilomurti ing Jakarta.  
   
  Alhamdulilah, upaya iki kasil kanthi becik. Ora nganti setaun, buku-buku karyane anggota Triwida mau klakon terbit. Kapinujon saka buku kang terbit mau meh kabeh lulus seleksi saengga bisa di-Inpres-ake. Ing antarane yaiku : Paskab Pasopati karyane Tiwiek SA, Batu Putih Batu Berwarna karyane Giman MS, Hati-hati Dalam Berbuat, Terampil Dalam Bertindak karyane Wahyudi, Tabung-tabung Liliput karyane Tamsir AS, Jika Alun Turun Tangan karyane Yudhet, lsp. Mangkono, samben nulis ing basa Indonesia lumaku terus lan buku sing kasil diterbitake ya sansaya akeh ateges honor sing ditampa dening anggota Triwida ya tambah akeh.  
  "Nulisa ing sastra Indonesia, nanging nggonen nguripi sastra Jawa,” - dhawuhe Suripan Sadihutomo. Dhawuh iki ora dilirwakake. Ngepasi ulang taun kang kaping nenem ( Mei 1986 ) Sanggar Triwida ngadani sarasehan sastra Jawa maneh manggon ing Gedung Pertanian Wonorejo Tulungagung. Kaya nalika ing Trenggalek, sing diundang ya pengarang Jawa sak Jawa, kepara cacahe luwih akeh. Kejaba kuwi anggotane sanggar uga tambah-tambah. Ing antarane kang mlebu marengi ultah ka 6 iki yaiku Ardini Pangastuti (kang tembene bebarengan karo Bonari dadi staf redaksi tabloid Jawa Anyar, Sala).

  Yen acara sarasehan lan patemon sadurunge sasat diragadi dening Tamsir AS dhewe, sarasehan ing Gedung Pertanian Wonorejo iki wragade disangga bareng dening anggota Triwida, utamane sing bukune kasil di-inpres-ake. Wiwit iku saben ulang taun mesthi ngadani kegiyatan-kegiyatan kasastran (umpamane nganakake sayembara ngarang crita cekak). Mesthi bae jeneng Triwida sansaya moncer. Banjur muncul gagasan ningkatake statuse sanggar – saka mung sanggar sastra - dadi yayasan sing abebadan hukum. Gagasan iki disetujoni kabeh anggota.

  Pepenginan kasebut wusana klakon temenan, yaiku adeg yayasan mawa tetenger Yayasan Triwida, kanthi akte notaris No. 89 Tgl. 22 Maret 1990. Ing AD/ART-ne disebutake manawa kegiyatane yayasan antara liya (kejaba kegiyatan sing nate ditindakake umpamane sarasehan lan lomba ngarang cerkak) yaiku nerbitake buku-buku dhewe kanthi jeneng penerbit Paramarta. Kejaba kuwi isih ana kegiyatan liya – lan iki sing klebu gebragan anyar – yaiku nedya menehi hadiah sastra marang karya sastra jawa (karyane sapa bae) sing dianggeb manjila nglimputi novel, crita cekak lan guritan saben limang taun sepisan. Hadiah sastra iki dijenengi Hadiah Sastra Triwida. (kanthi kanyatan iki, 4 taun sadurunge Ayip Rosidi menehi hadiah sastra Rancage marang karya sastra Jawa, Yayasan Triwida sing dimotori Tamsir AS wis duwe ada-ada kasebut ).

  Marengi ultahe Sanggar Triwida kang ka 10 ( dipengeti tgl. 19 Mei 1990 ), gagasane Tamsir AS kang tinulis ing AD / ART-ne Yayasan Triwida kasebut diwujudi kanggo kang kapisan. Yaiku menehi Hadiah Sastra Triwida marang karya sastra Jawa ‘terbaik’ (versi Triwida) kang wis nate kapacak ing majalah kurun wektu 1985-1990. Acara iki diadani kanthi gedhen manggon neng pendhapa kabupaten ‘Kongas Arum Kusumaning Bangsa’ Tulungagung. Kaya sing uwis-uwis, sing diulemi uga sastrawan Jawa sak Jawa. Wengi sadurunge acara penyerahan Hadiah Sastra Triwida, luwih dhisik diadani acara sambung rasa antarane Pengarang, Penerbit lan Pengamat sing langsung dipandhu dening Tamsir AS. Najan ora nganggo makalah ning acarane gayeng banget.
  Sing agawe mongkog, acara kasebut antuk panyengkuyung saka Menteri Penerangan RI kanthi surate No.76/SM/K/III/90 Tgl. 28 Maret 1990 lan Menteri Pendidikan dan Kebudayaan kanthi surate No.103/PK/G/III/90 tgl.23 Maret 1990. Mendikbud kejaba paring panyengkuyung uga paring tambahan dhana. Semono uga Gubernur Jawa Timur lan mesthi bae Bupati Tulungagung uga paring dhana lan fasilitas.  

  Wondene karya sastra Jawa sing kasil mboyong Hadiah Sastra Triwida yaiku kanggo guritan : Dimitri Murid SMA Korpri karyane Agus Priyadi - Madiun (juwara I), Kodhok Amerika Ketemu Jangkrik Indonesia ing New York karyane Turio Ragilputra – Kebumen (juwara II) lan Jakarta karyane Djaimin K – Yogyakara (juwara III). Kanggo cerkak : Nalika Takbir Ngumandhang ing Langit karyane Suryadi WS – Klaten (juwara I), Gilar-gilar Mripate Wilis karyane Tamsir AS – Tulungagung (juwara II) lan Kado Istimewa karyane Arcaya Manikotama – Yogyakarta (juwara III). Kanggo Novel : Pusaka karyane Suryadi WS – Klaten (juwara I), Fatamorgana karyane Dyah Kushar – Kediri (juawara II) lan Suminar karyane Tiwiek SA – Tulungagung (juwara III). Para juwara kasebut kejaba entuk Piala lan Piagam mesthi bae entuk bebungah dhuwit (najan nominale adoh sangisore Rancage).  
   
  Pengetan 10 taun Sanggar Triwida sing dibarengi penyerahan Hadiah Sastra Triwida iki klebu sukses. Bab kasebut sansaya nyurung grengsenge Tamsir AS kanggo mujudi gegayuhan mbalekake jaman kencana rukmi-ne Sastra Jawa. Diangkah Sanggar Triwida – sing wis dadi yayasan Triwida – kena kanggo kendharaan tumuju marang bali kuncarane sastra Jawa. Bab iki bisa dipirsani saka makalahe Tamsir AS ing Kongres Bahasa Jawa I Semarang (tgl. 14-20 Juli 1991) sesirah "Sanggar Sebagai Benteng Pelestarian Sastra Jawa”  

  Manut Tamsir AS, sastra Jawa diarani ‘jaya’ yen akeh buku basa Jawa sing terbit lan payu laris. Dadi ora mung ndhompleng neng majalah-majalah kaya wektu iku. Mulane dheweke bebarengan karo anggotane terus mbudidaya nglumpukake bunci, kanthi sregep nulis buku basa Indonesia sing diusulake amrih bisa di-inpres-ake. "Nulisa nganggo basa Indornsia, nanging nggonen nguripi sastra Jawa,” piwelinge swargi Suripan Sadihutomo kang terus dumeling. Niyate, yen buncine wis nglumpuk – kejaba kanggo dhana abadi-ne sanggar – nedya kanggo nerbitake buku-buku sastra Jawa kanthi gendera penerbit Paramarta. 

  Eman, kahanan ora langgeng. Kahanan tansah obah owah. Taun 1992 Tamsir AS pensiun saka jabatan pungkasan Kepala Ranting Dinas P dan K. Bab iki sithik akeh ndayani kelancarane penerbitan buku Inpres. Awit saploke pensiun njur kelangan siung. Tamsir AS malih kangelan nglobi instansi sing ngurusi seleksi buku Inpres. Sauntara iku persaingan uga sansaya keket. Penulis dhaerah kalah bersaing karo penulis Jakarta. Tundhone buku-bukune warga Triwida angel bisane terbit. Aja maneh kok njur di-inpres-ake.

  Ewasemono Tamsir AS ora kentekan semangat. Nyatane ing taun 1992 iku uga- marengi ultahe Sanggar Triwida sing kaping 12 - isih bisa ngadani sayembara ngarang cerkak remaja lan illustrasi tingkat nasional. Banjur setaun candhake (1993) isih bisa ngadani seminar basa lan sastra Jawa manggon ing Blitar. Lan sing agawe mongkog, taun 1993 iku Tamsir AS klakon mujudi pepenginane, nerbitake buku-buku basa Jawa. Sanajan ‘kepeksa’ ora nggunakake gendera Paramarta. Lan ‘kepeksa’ uga ora nglibatake anggota Triwida. Kanthi dhasar tetimbangan tinamtu, Tamsir AS bebarengan Suparto Brata lan Anggarpati ngedegake yayasan anyar sing dijenengi Caraka dedunung ing Surabaya. Kanthi tembayatan karo penerbit Sinar Wijaya Surabaya, wusana lair buku-buku seri Puspus (Puspa Pustaka) sakal kembar lima, kanthi kata pengantar saka Menteri Penerangan Harmoko! Buku-buku kasebut yaiku : Kembang Alangalang karyane Margareth Widhy Pratiwi, Nalika Prau Gonjing karyane Ardini Pangastuti, Sintru, Oh Sintru karyane Suryadi WS, Kerajut Benang Ireng karyane Harwimuka lan Kubur Ngemut Wewadi karyane AY Suharyono. Diangkah ing saben sasi candhake bisa terbit buku-buku anyar, paling sithik sajudhul.

  Nanging, sing jeneng teori pancen ora mesthi cocog karo kanyatan. Najan Tamsir AS sakanca wis mbudidaya masarake buku-buku kasebut, nyatane asile ora mingsra. Pepayone ora bisa mbalekake modhal (nganti Tamsir AS puput yuswa durung ana 50% sing payu). Tundhone Yayasan Caraka gulung lampit. Sajake ya bab iki sing nyababake Tamsir AS jantungen. Cilakane si penyakit jantung kasebut ora enggal waras. Tundhone kesehatane Tamsir AS anjlog kanthi drastis. Jabatan ketua sanggar kepeksa dipasrahake marang Tiwiek SA. Semono uga rencana lan pelaksanaan aweh Hadiah Sastra Triwida marengi ultahe Sanggar Triwida sing kaping 15 ( tgl.18 Mei 1995) kepeksa dipasrahake marang Tiwiek SA sakanca. Kalebu golek tambahan dhana, kanthi ngemis-ngemis marang para konglomerat Jakarta. Asile? Adoh saka maremake! Sunarko Budiman sing kadhapuk dadi seksi penggalian dana sasat mulih nglenthung! Ya wiwit iku kuncarane Sanggar Sastra Triwida katut surem. 

  Taun 1996, najan lungguh bae ora jejeg, Tamsir AS isih kober dadi pemakalah ing Kongres Bahasa Jawa II Batu. Ning sawetara sasi candhake – sastrawan Jawa kang wis kasil nindakake haji iki - kepeksa ambruk. Wusana tanggal 14 Januari 1997 puput yuswa ing RSU Saiful Anwar Malang kanthi ninggal garwa yaiku Ny. Hj. Maslikah, putra telu : Agus Triyono ( karyawan Pemkab Pacitan), Iin Hastin Zaina, lan Aan Andrian Saf, sarta wayah siji. Innalillahi Wainna Illahihi Rojiun. Donyane sastra Jawa bener-bener kelangan sastrawane sing klebu gamben!

Sauntara iku, Sanggar Sastra Triwida kang sapungkure Tamsir AS surem, mbudidaya amrih bisane njenggelek maneh. Kanthi sawernane rekadaya, wusana upaya kasebut nguwohake asil. Sanggar Sastra Triwida bisa bali kumlebet! Luwih-luwih sawise tongkat kepemimpinan lumengser saka Tiwiek SA kang wis ngrasa tuwa, gumanti marang Sunarko Budiman kang isih enom tur energik (21 Mei 1998 mbarengi lengsere Pak Harto).

Saiki Sanggar Sastra Triwida kena diarani wis kembali berjaya. Anggotane tambah akeh tur isih enom-enom sumebar ing wolung kabupaten. Eksistensine uga wiwit diakoni dening pamarentah. Buktine, ngepasi pengetan seprapat abad umure Sanggar Sastra Triwida ( 18 Mei 2005 ) kang dipengeti kanthi ngadani seminar lan ngrawuhake sastrawan Jawa sa pulo Jawa, antuk panyengkuyung saka Pemkab Tulungagung arupa pasilitas lan uga prabeya. Semono uga nalika mengeti ambal warsane sing kaping 26 ( 2 Mei 2006, manggon neng omahe Tiwiek SA, Kalidawir ) uga kasil ngrawuhake sastrawan Jawa sa Jawa Timur.

Dina Kemis Legi tgl. 24 Mei 2007, nengeri umure Triwida sing kaping 27, wujude pengetan diwujudake kanthi ngadani anjangsana menyang kantor Panjebar Semangat lan Jaya Baya Surabaya. Tujuwane sing baku yaiku silaturahmi, ngraketake talining kekadangan lan ngronce tembayatan.

 Wondene pengetan ambal warsane sing kaping 28 (th. 2008) lan kaping 29 (th. 2009), merga kahanan, mung trima dipengeti kanthi climen. Yaiku tumpengan kanthi dikupeng kabeh anggota. Dene pengetan sing kaping 30 taun ngarep (th. 2010), yen Gusti Allah ngijabahi, kaya padatan ing saben 5 taun sumedya dipengeti kanthi semuwa. Kanthi cathetan: ana bebadan sing saguh dadi donatur. Wondene wujud lan pangleksanane isih dirancang.*

                                                                                                       Tulungagung, 27 November 2009 

   


Pangrumpaka : Tiwiek SA
Karangtalun RT 04/RW III Kec. Kalidawir
Kab. Tulungagung Kode Pos : 66281
Telpon : ( 0355 ) 591156
E-mail : suwignyo_a@yahoo.co.id

    
FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz