null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal

null

KARO MAPAG TUMIBANE MANGSAKALA TEMPUKING GAWE KONGRES BAHASA JAWA V 2011 ING SURABAYA JAWA TIMUR, MANGGA MIRSANI PUNAPA KEMAWON ASILIPUN KBJ IV WONTEN SEMARANG 2006:

PUTUSAN KONGRES KBJ IV SEMARANG 2006:

A. Pendidikan Formal 

1. Nandhesake maneh tumapake putuan Kongres Basa Jawa III ing Yogjakarta tahun 2001, manawa pasinaon basa Jawa wajib diwulangake ing sekolah-sekolah wiwit SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur 

2. Pasinanon basa Jawa kudu asipat kontekstual lan ndayaake teknologi informasi, nengenake metode anyar sing inovatif lan kreatif, sarta diwiwiti saka varian-varian basa tumuju marang basa Jawa baku. 

3. Pasinaon basa Jawa ing sekolah-sekolah kudu ngecaake unggah-ungguh basa kanggo nata lan ngecaake pendidikan budi pekerti. 

4. Bengkel Sastra perlu dikembangake minangka sarana apresiasi lan ajang kreativitas. 

5. Sethithik mbaka sethithik guru basa Jawa kudu nduweni pendidikan formal basa lan sastra Jawa. 

6. sarjana basa lan sastra Jawa nonprodi pendidikan kena mulang basa Jawa sawise nempuh ujian profesi. 

7. Kompetensi profesional guru basa Jawa sing dudu lulusan prodi Pendidikan Bahasa dan sastra Jawa perlu terus ditingkatake. 

8. Perlu dicukupi buku ajar basa Jawa sing lulus seleksi dening tim penilai. 

9. Perlu disiapake fasilitas sing cukup ana proses pasinanon sing khas Jawa sing bisa nyurung kompetensi lan ketrampilan nggunaake basa lan sastra Jawa. 

10. Panaliten basa lan sastra Jawa perlu nengenake topik-topik basa lan sastra Jawa sing terus dicaake ana pasinaon.

 

B. Pendidikan Informal lan Nonformal 

1. Ngajak keluwarga Jawa supaya nggunaake basa Jawa pinangka srana sesrawungan sajroning kaluwarga. 

2. Sanggar basa lan sastra Jawa, paguyuban basa lan sastra Jawa perlu dirembakaake minangka wadah panggulawentah basa lan sastra Jawa. 

3. Ndayaake basa lan sastra Jawa perlu digiatake sarana maneka warna kegiyatan, kayata lomba, sarasehan, pelatihan, kursus. 

4. Lembaga keagamaan, kemasyarakatan lan kabudayan perlu nyurung lan njurung ayahan kanggo ndayaake basa lan sastra Jawa.


 

C. Kearifan Lokal 

1. Sumber-sumber kearifan lokal masarakat Jawa perlu diinventarisasi, dikenali, didokumentasi lan dibiwarake. 

2. Kearifan lokal masarakat Jawa perlu dicaake lan diapresiasi ing masarakat, bangsa lan negara kanthi semangat bhinneka tunggal ika.


 

D. Ndayaake Basa lan Sastra Jawa 

1. Perlu disusun rencana strategiskanggo ndayaake basa lan sastra Jawa kanthi bebarengan dening telung propinsi, Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, lan Jawa Timur 

2. Dinas-dinas sing nangani urusan pendidikan lan kabudayan ing telu propinsi kasebut perlu nyusun program kanggo ndayaake basa lan sastra Jawa sing cocok karo ciri daerahe kanthi patokan rencana strategis. 

3. Jroning nyusun lan ngleksanaake program ndayaake basa lan sastra Jawa, dinas-dinas sing nangani urusan pendidikan lan kabudayan ana ing telung propinsi perlu bebarengan Dewan Bahasa Jawa, instansi, lembaga, sanggar, lan paguyuban sing ana sesambungane. 

4. nandhesake maneh prelune Dewan bahasa Jawa sing dibentuk ana ing telung propinsi. 

5. kanggo ndayaake basa lan sastra jawa prelu ayahan sing sinergis karo komunitas basa lan sastra ana ing Pulo jawa, propinsi liya, lan mancanegara, antarane yakuwi Suriname, Kaledonia Baru, Australia, Malaysia, Walanda.

REKOMENDASI

A. Pendidikan Formal

1. Basa Jawa didadekake mata pelajaran muatan lokal wajib kang diwulangake ing sekolah-sekolah wiwit SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA ing telu propinsi, Jawa Tengah, DIY, lan Jawa Timur.

2. Pamarentah daerah ing telu propinsi prelu nyapake formasi lan ngangkat guru basa Jawa ing SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA.

3. Sethithik mbaka sethithik ndadekake guru basa Jawa weton lembaga pendidikan formal basa lan sastra Jawa.

4. Prelu nyediaake buku ajar basa Jawa sing cukup lan lolos seleksi dening tim penilai sing independen.

 

B. Pendidikan Informal lan Nonformal

1. Sanggar basa lan sastra jawa, paguyuban basa lan sastra Jawa perlu dirembakaake minangka wadah panggulawentah basa lan sastra Jawa.

2. Ayahan ndayaake basa lan sastra Jawa perlu lumantar lomba, sarasehan, pelatihan, lan kursus ing kabupaten/kodya, propinsi, lan ana ing telung propinsi.

3. Lembaga keagamaan. Kemasarakatan, lan kabudayan prelu nyengkuyung lan njurung kabeh ayahan kanggo ndayaake basa lan sastra Jawa.

 

C. Kearifan Lokal

Kearifan lokal minangka aset budaya Jawa prelu diwujudake, lan diapresiasi ana ing panguripan masarakat, bangsa, lan negara sing lelandhesan bhinneka tunggal ika.

 

D. Ndayaake Basa lan Sastra Jawa

1. Perlu nyusun rencana strategis kanggo ndayaake basa lan sastra Jawa kanthi bebarengan antarane Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, lan Jawa Timur.

2. Dinas-dinas sing nangani urusan pendidikan dan kebudayaan telung propinsi prelu nyusun program kanggo ndayaake basa lan sastra Jawa sing rep karo kaanan daerah-daerah sing lelandhesan rencana strategis.

3. Nandhesake prelune dibentuk Dewan Bahasa Jawa ana ing telung propinsi.

4. Kanggo nyusun lan ngleksanaake program ndayaake basa lan sastra Jawa, dinas-dinas sing nangani urusan pendidikan lan kabudayan prelu bebarengan karo Dewan Bahasa Jawa, perguruan tinggi, bebadan, sanggar, lan paguyuban liyane.

5. Pamarentah Propinsi Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta, lan jawa Timur prelu mbangun laman (website) ngenani basa, sastra lan budaya Jawa.

6. Ganjaran utawa pisungsun kanggo para nimpuna/panggilut basa, sastra lan budaya Jawa sing wis ana prelu ditingkatake.

7. Kanggo mayungi minangka landhesan hukum, kanggo ndayaake basa lansastra Jawa, prelu disusun Undang-Undang ngenani basa lan Peraturan Daerah ngenani basa lan sastra Jawa ana ing telung propinsi.


 
LAJENG ING MANGKE, PUNAPA PUTUSANIPUN KONGRES BASA JAWA V 2011? KITA TENGGA MAWON SESARENGAN!!!!

FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz