SEGARA, ANGIN LAN BUN-BUN PARAK
Segara kang ngelangut, sira dak sapa
nalika griciking banyumu ngelus-elus driji sikilku
t’rus aku mbebisiki apa kang cinandhet ing ati :
oh, aku koq ‘njur meri marang kekencenganmu
iku lho, anggonmu tetep nglelepake sakabehing susah, sawarnane gresah
gek ngendi tau kowe nganti tega crita maneh bab trenyuh kang dak sandhang
senadyan toh aku ndhodhok simpuh nyang gisikmu?
Angin sing semilir uga dak aras
lha pancen kowe tansah suka asung sembur isis mring pipi-bathukku
terus apa sing bisa dak aturake, sumitra
lamun aku sing lagi mulih saiki
amung godag anembang tangis, dheleg-dheleg amelas asih?
Lha yen kowe bun-bun parak, ngertiya
wiwit esuk atiku kok gawe sesek,
ning yakuwi wiwitane malah aku bisa gumuyu
sabab sekar gendingku rak asale saka ndagel-mbanyolmu
‘njur muruk aku nggegurit tembung malih dadi lelagon andandangula,
bener panjelihku angidung tresna marang Sita.
Ya wis ben, arepa aku ndhelik saiki ing lungayaning wektu kang damang
mbesuk dak pesthekna dak aturake sliramu, wong manis.
Sidoarjo, 11 Februari 1999.
Rambutmu teles kebes
: jarot
Ora susah kandha ....
aku wis percaya yen bungah lan susah kuwi nugraha
...eman dene gegantilane ati mung dadi pangangen
sawuse mataun-taun dadi kembang pangimpen
rambutmu saiki wis teles kebes....
kena grimise mangsa kang salah mangsa
bebasan dluwang mung kari lungsede...
senadyan tangan iki wis kisut kegerus laku jantrane panguripan
sliramu tansah dadi kembang pocapan ing teleng ati
mung ing telenge ati
ora ana kang ngerti.....yen sejatine urip iki kudu netepi janji'
rambutmu wis teles kebes...
kuninge kulitmu dadi kembang pangangen...
aku butuh jambe sinigar kanggo macaki bumi wutah getih
kang lagi ketaman gendrane rembulan
apa bener panggraitaku yen sejatine pancen slirane kang dadi kembang pangimpen iki......?!
Telelnging ati, 09 Pebruari 2011