null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
LAIRE GAYUSKACA EH GATHOTKACA
     
     Werkudara lagi bingung! Ketara saka praupane kang anclum, brengose kang morat-marit lan brewoke kang pathing jabrik. Karo lenger-lenger neng ruang tunggu Rumah Sakit Internasional kutha Pringgondani, pikirane nglambrang menyang ngendi-endi. Ketambahan maneh, dheweke ora bisa udut. Kamangka yen pikirane lagi bunek kaya ngene iki, adate anggone udut nyepur. Kepriye maneh, peraturan dilarang merokok di tempat umum kayata rumah sakit,terminal,lan liya-liyane wis kadhung ditanda tangani biyen kae. Mung wae untunge yen Ngrokok Haram isih dadi pro lan kotra.
      Sing cetha, kang dipikir Werkudara dudu bab wragad mbayari babarane bojone si Arimbi rong ndina kepungkur ana rumah sakit paling apik dhewe sa-Pringgodani kuwi. Pekara ragad jelas wis ora dadi perkara! Lha wong kabeh wis dianggarna saka APBNP ( Anggaran Pendapatan dan Belanja Negara Pringgondani). Upamaa ora dibayari negara, dheweke uga bisa nganakake koin kepedulian liwat facebook senajan ta mengko olehe dhuwit recehan!
      "Ayah ki piye ta kok malah ngalamun ana kene?" ana swara wadon njugarake pikirane Werkudara kang lagi klambrangan. Swara wadon mau ora liya ya swarane Dewi Arimbi, garwane.
       "Piye, Ma? Samurai jepang kang digawa Bagong mau tedhas pa ra kanggo ngethok ari-arine putramu?"
       "Walah, sami mawon Ndara! Mboten tedhas!" sumaure Bagong kang lagi wae njedhul ditutake Semar, Gareng lan Petruk.
       "Lha terus piye iki? Kuku pancanakaku sing kawentar landhepe pitung penyukur tur ya kasinungan kasekten ngedab-edabi, nanging tanpa daya kanggo ngethok ari-arine putraku!"
     "Lae...lae...mbegegek ugek-ugek sakdulita, hembel...hembel...!Ampun kuwatos Ndara...Ndara! Sedaya perkawis menika sampun pinesthi wonten marginipun kangge mrantasi. Panjenengan tengga kemawon Ndara...Ndara!" Semar atur pitutur.
        "Yen bab durung ana senjata kang bisa ngethok ari-arine putraku, aku ora patiya khuwatir! Sing dakkhuwatiri ki rak nek kahanane anakku banjur keprungu dening para wartawan. Bisa-bisa bab iki dadi senjatane para lawan politiku anggone arep njongkeng kawibawanku. Ya untunge kang krungu lagi wartawane kalawarti Jemparing nggone Sanggar Triwida sing durung terbit. Dadi mung dakjak andhok bakso wae wis gelem ora martakake bab laire putraku!"
      Mandhege  guneme Sang Harya Sena mbarengi tekane Bathara Narada ditutatake para pengawal kadewatan cacah 19 kang khawentar kadidene Detasemen Dewa 19. 
      "Pak pak pong...pak pak pong randha ompong gleyang-gleyong disamber uwong aku mung ndomblong!!! He...titah ulun Werkudara! Sira kuwi kepriye?
.....ana candhake....................     
FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz