null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
SERIAL ADIT:
TTM
( Teman Tapi Me… )
Dening : @ngin N. Hidayat

     Aditya ora lila tenan yen Ayu sing wis diincer wiwit kelas siji SMU kae kenek cowok liya. Ayu kuwi kanggone Aditya mujudake cinta pertamane ing SMU. Senajan Ayu saiki wis duwe pacar, ning Aditya ora nglokro. Tresnane marang Ayu ora bisa ilang. Mula Aditya banjur golek rekadaya kanggo ngrebut Ayu saka tangane Rahwana, eh saka tangane pacare.

     "Peleten wae, Dit! Aku duwe kenalan dhukun pelet sing sip. Yen gelem, dakterke menyang omahe!” advise Gendon, kanca pleke Aditya, nalika disambati Aditya. 
     "Tenan piye, Ndon?” Aditya nyawang Gendon sing lagi ngemut permen sing bentuke kaya dlamakan sikil. 
     "Sumprit ta wis! Endi aku tau ora ngapusi kowe?”
     "Ya, wis! Suk minggu aku terna mrana, ya!” Gendon manthuk bola-bali nganti meh keselek permene.
     Minggu esuk Aditya wis mbonceng Gendon nasaki dalan padesan. Omahe dhukun pelet sing dituduhake Gendon jebul adoh ing luar kota. Gek ngono, Gendon uga wis rada lali dalane mrana. Kepeksa bocah loro kuwi bola-bali mandheg saperlu takon-takon.
     "Aku wis eling saiki, Dit! Dalan iki lurus ae aja menggok-menggok! Wis ora adoh maneh kok!” kandhane Gendon saka boncengan nalika sepedha montor wis ngambah dalan aspalan ciut. Aditya sing konsentrasi nyekel setir nyicil ayem. Sepedha montor dibandhangake kanthi santai. Angin sing ketabrak semilir nglela-lela Gendon sing ana boncengan. Gendon mesthi wae banjur thiklak-thikluk ngantuk.
Ciiiiit! Aditya ngerim dadakan. Gendon sing lagi arep merem meh wae kontal saka boncengan. Untunge gage ngrangkul kenceng bangkekane Aditya.
      "Ana apa, Dit? Ana apa?” takone Gendon mbingungi. Sing ditakoni ora semaur, ning sajak kesusu banjur mlayu menyang grumbul pinggir dalan. Let sedhela dheweke wis ngadeg anteng karo sirahe gidhig-gidhig.
     "Semprul, ki! Arep ngetap bensin mbok ngomong dhisik! Ora ngerim ndadak ngono mau!” Gendon nggremengi Aditya sing wis mbalik arep nyengklak sepedha montore.  
    "Isih adoh ta, Ndon?” Aditya takon sakwise nglebokake perseneleng telu. 
    "Bubar bulak iki wis tekan kok, Dit! Mengko yen bubar ngliwati kuburan ana omah mencil. Ya kuwi daleme Mbah Jolele!”
    Bulak sing diliwati pancen dawa. Ana yen telung kilonan. Bubar ngliwati bulak banjur ngliwati kuburan sing serem banget. Gendon ngakon menggok nalika sabubare ngliwati kuburan ana omah gedhong kuna. Ya omah kuna kuwi daleme Mbah Jolele sing khawentar dadi dhukun pelet utawa pengasihan. Khabare, Mboh Jolele kerep dijaluki tulung artis-artis lokal sing kepengin laris. Penyanyi ndang ndut Uut Nagasari lan Indul Jasatirta jare ya tau sowan mrono njaluk syarat kareben laris tanggapan. 
     Gendon nothok lawang omah kuna kuwi. Thok thok thok! Lawang mbukak dhewe. Krieeeet! Swarane lagu "Teman Tapi Mesra” duweke Ratu ngumandhang banter. Ana wong tuwa sing brengos lan jenggote pathing klembreh mecungul karo gayane manggut-manggut ngetut iramane lagu. Lambene uga nerokake syaire lagu. 
    "…Aku memang suka pada dirimu. Namun aku ada yang punya. Lebih baik kita berteman. Kita berteman saja. Teman tapi mesra. " Jeglek. Lagune mandheg ndadak. Aditya lan Gendon ngempet guyune. Saking nemene anggone ngempet nganti swarane guyu ganti liwat mburi. Dhuuuut!
     "Tamu semprul! Teka kok ndadak ngentut barang. Apa njaluk takpakake Jengglotku? Huek, ambune! ”
     "Sorri! Sorri, Mbah Jolele!!”
     "Wis, saiki gek ngisia buku tamu terus ngomonga perlumu apa! Aku selak arep santai ngrungoke lagu favoritku "Teman Tapi Mesra” sing penyanyine Ratu loro ayu-ayu!”
     Bubar padha ngisi buku tamu, Gendon banjur ngethuprus ngandhakake perlune. Aditya nambahi yen sing dikandhakake Gendon isih ana sing kurang. Mbah Jolele banjur njaluk fotone Ayu. Aditya sing pancen nduwe foto hitam putihe Ayu ing dhompete gage menehake foto mau. Ora dadak ngenteni. Mbah Jolele sing pancen yen ditamatna rupane memper lele kuwi gage bertindak. Handphone ing sake gage didudut terus nduduli nomer ing keypad. Aditya lan Gendon nyawang karo ngowoh. 
     "Hallo, Jin Maraseneng Mulih Seneb? Iki ana gaweyan. Coba mengko bengi reneya! Ana order dadakan!” Mbah Jolele mateni hapene.          "Wis, Le! Ordermu daktampa! Saiki muliha! Honore sakiklase ning menehine suk wae yen wis kasil! Kirimen liwat nomer rekening bankku iki wae ya ”
     "Matur nuwun, Mbah!” Aditya nampani kertas sing diulungake Mbah Jolele isi tulisan nomer rekening bank. 
     "Sampun, pareng, Mbah!” pamite Aditya lan Gendon.
     Aditya lan Gendon ninggal omahe Mbah Jolele. Nalika liwat bulak dadak ngerti ana cewek ayu lagi nguthak-uthek mesin sepedha montore ing tengah dalan. Aditya ngendheg sepedha montore ing cedhake cewek kuwi.
     "Dibantu ta, Mbak?” Aditya tawa karo njagang sepedha montore. Gendon wis mencolot mudhun.
     "Tulungana, Mas! Mbuh kena apa iki mau kok macet ndadak. Startere ora bisa urip!”wangsulane cewek kuwi alus. Biyuh-biyuh ayune! Aditya ngulu idu bola-bali. Gendon dhewe mripate ora kedhep-kedhep. 
     "Piye, ta? Jarene arep nulungi lha kok malah padha ndomblong?” 
     "Eh, i…iya, ya! Paling busine iki. Busine reged.” Aditya direwangi Gendon banjur mbukak busine. Tenan. Busine wis reged banget. Ora mung reged. Ning wis ora layak pakai. Untung Aditya duwe simpenan busi neng sepedha montore. Bareng busine diganti nganggo busine Aditya eh…busi sepedha montor simpenane Aditya, sepedha montor bisa urip kanthi thok cer!
     "Matur nuwun banget lho, Mas! Dikenalke ya, jenengku Meimei!” Aditya lan Gendon mbales ngenalke jenenge dhewe-dhewe. "Ayo mampir omahku, Mas! Omahku cedhak kene wae kok! Ing omahku lagi panen apukat. Mengko takgaweke jus apukat!”
     Tawane Meimei disambut gembira karo Aditya lan Gendon. Omahe Meimei cilik ning asri. Wit apukat akeh sing urip ing kiwa tengene omah. Wohe pathing grandhul gedhe-gedhe. Bocah loro banjur disuguh jus apukat sakgelas gedhe. Uga ditepungake bapake Meimei sing jenenge Pak Mara. 
     "Dadi omahe sampeyan neng kutha ya Mas! Aku ki ya kerep nyang kutha lho, Mas! Tulung sampeyan tulis alamat omah sampeyan neng buku iki ya! Suk aku dakdolan mrana!” Meimei ngulungke buku lan pulpen. Aditya lan Gendon ya banjur nulis alamat omahe dhewe-dhewe. Bubar kuwi, bocah telu omong-omongan gayeng. Nganti ora krasa wis meh sore. Aditya lan Gendon banjur pamitan mulih. 
     Wewayangane Meimei sing ayu tansah gawang-gawang ing mripate Aditya lan Gendon. Bocah loro malih kaya bocah ngengleng. Ing sekolahan apa ing omah, gaweyane mung ngalamun. 
     "Dit, awakmu ngalaha ya! Meimei ben dakpacarane! Awakmu kan wis ngesir Ayu?” panjaluke Gendon sawijining sore malem Jumat Kliwon ing kamare Aditya. Bocah loro pancen wis janjian arep ngalamun bareng-bareng. 
     "Kowe wae sing ngalah, Ndon! Ayu rak wis ana sing duwe. Aku trima kok yen Ayu diganti Meimei!” 
     "Dit! Ana bocah wedok nggoleki kowe kae lho! Jenenge Meimei! Dingaren kok kowe digoleki bocah ayu! Biasane sing nggoleki rak si Mince, waria kancane Leni kae!” Ibune Aditya ngandhani saka njaba kamar. Aditya njenggirat kaget. Meimei? Gendon semono uga. Meimei?
     Bocah loro gagenan nemoni Meimei sing lagi duduk manis ing ruang tamu sinambi maca majalah langganane ibune Aditya. 
     "Wis suwe, Mei?” takone Aditya basa-basi karo lungguh njejeri Meimei ing sisih kiwane.
     "Saka ngomah apa saka ngedi iki mau?” Gendon melu-melu takon karo lungguh ing sisih tengene Meimei.
     "Piye ta? Kursine akeh kok padha lungguh kene!” Meimei njongkrokake Aditya lan Gendon nganti padha tiba klumah ceblok saka kursi. "Aku mrene arep njaluk tulung diterake menyang plaza. Gelem ora?”
     "Geleeeeem!” Aditya lan Gendon nyauri bebarengan. 
     Sidane Aditya lan Gendon boncengan ngancani Meimei sing numpak sepedha montor ijen menyang plaza. Ing plaza mlaku-mlaku lan guyon bebarengan bocah telu. Meimei uga ketok yen seneng dikancani cowok nggantheng (iki mesthi sing Aditya) lan cowok rada nggantheng (sing iki mesthi Gendon). 
     Dina-dina candhake, Aditya wis nglalekake order pelete menyang Mbah Jolele. Uga wis nglalekake Ayu sing biyen digandrungi. Saben malem Jumat, dheweke mesthi diparani Meimei dijak mlaku-mlaku menyang plaza. Bocah loro wis kaya pacaran. Untunge Gendon saben malem Jumat kok wis ora dolan nang omahe Aditya maneh. Dadi ora ngganggu acarane Aditya lan Meimei. 
     Wis telung sasinan, saben malem Jumat Aditya metu karo Meimei. Ning bubar telung sasi kuwi, Meimei wis ora nate muncul maneh. Nang ngendi cewek ayu pepujaning ati iki? Arep ngejak Gendon nyambangi Meimei nang omahe kok ora penak. Sebab, sakwise gandheng karo Meimei telung sasi wingi, Aditya wis ora sapa aruh karo Gendon. Gendon dhewe sajake kok ya nyueki Aditya.  
Esuk kuwi nang ngarep sekolahan, Aditya ketemu Gendon. Bocah loro sajake padha-padha kepengin ketemune. 
     "Ndon, terna aku menyang omahe Meimei, ya?” Gendon mlenggak kaget.
     "Kowe durung ngerti ta, Dit? Telung wulan wingi kuwi aku lan Meimei wis gandheng renteng kaya bocah pacaran. Ning, bubar kuwi kok Meimei ora tau mecungul. Aku pengin ngajak kowe nyambangi nang omahe. Mengko gek lara!”
     "Ora isa, Ndon! Kowe mesthi ngalamun. Telung wulan wingi kuwi Meimei kerep mlaku-mlaku karo aku nang plaza!”
     "Kowe kuwi sing ngalamun! Wong telung wulan wingi Meimei kerep ngajak nongkrong aku nang kafe!” Aditya lan Gendon pandeng-pandengan.
     "Kowe karo Meimei yen metu nang kafe saben dina apa?” takone Aditya.
     "Saben malem Jumat jam pitu nganti jam sanga!”
     "Lho, wektu kuwi rak Meimei mlaku-mlaku bareng aku nang plaza!”
     "Eh, aja-aja!” Gendon mepetake awake menyang awake Aditya.
     "Aja-aja apa, Ndon?” Aditya melu-melu mepetake awake. Bocah loro pandeng-pandengan. 
Bocah loro njerit bareng nalika ana tangan sing nyablek pundhake bebarengan. 
     "Huuaaaaa!”
     "He! He! Aja mlayu! Digoleki pirang-pirang ndina lagi ketemu kok, bareng ketemu arep padha mlayu!” Gulon klambine Aditya lan Gendon dicengkiwing dening tangan sing mau nyablek pundhake. Kok kaya tau krungu swarane wong sing ngomong kuwi? Aditya lan Gendon noleh bareng. Lho, jebul Mbah Jolele!
     "Eh, Mbah Jolele! Kok wonten mriki, Mbah?” pitakone Aditya sing wis mari kagete.
     "Kadospundi anggenipun Mbah Jolele melet Ayu, Mbah?” Gendon melu takon.
     "Ya, kuwi! Aku kepeksa nggoleki kowe. Merga jinku Maraseneng Mulih Seneb ora bisa nindakake tugas melet Ayu. Dheweke lagi bingung mikir anake sing lagi gandrung karo manungsa. Kathik ora mung manungsa siji, ning bocahe loro!”
     "Wah, jin niku nggih gadhah anak ta, Mbah?” Aditya kepengin ngerti.
     "Ya nduwe! Jin kuwi padha karo manungsa. Duwe anak lan bojo. Malah anake jinku Maraseneng Mulih Seneb kuwi yen dhong macak rupane ayu banget. Kowe wae yen weruh mesthi gandrung! Ning yen pas ora macak, rupane ya kaya gendruwo!”
     "Sinten namine anake jin njenengan niku, Mbah?” takone Gendon.
     "Jenenge Meimeidianingsih! Celukane Meimei!”
     "Sin…sin…sinten, Mbah? Mei…mei…?!!” Aditya sikile gemeter. 
     "Dadi…dadi…Meimei niku…memedi? Jin?” Gendon nggreweli.
     "Bener! Apa kowe bocah loro wis padha kenal karo si Meimeidi kuwi?”
    "Huuaaaaa!!!!” Aditya lan Gendon njerit banjur mlayu nggendring mlebu ruang kelas. Mbah Jolele sing celuk-celuk karo ngathung-ngathungake fotone Ayu ora direwes. Kamangka Mbah Jolele arep mbalekake fotone Ayu kuwi menyang Aditya.  
     Ora suwe Aditya mbalik marani Mbah Jolele. Fotone Ayu ing tangane Mbah Jolele terus disaut digawa mlayu maneh mlebu kelas. Ing kelas bocah loro kuwi awake isih gemeter. Bocah loro padha eling anggone Te-Te-eM karo Meimei. Teman Tapi Mesra! Ning bareng ngerti sapa Meimei kuwi sakbenere, saiki malah pada kepengin ora di Te-Te-eMi Meimei. Soale Meimei kuwi Teman Tapi Memedi! Hiiii!

Pengirim : EDY SANTOSA : Kotak Pos 7 Durenan Trenggalek 66381


FACEBOOK
MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz