null
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
Shadow Word generated at Pimp-My-Profile.com
  Memetri sastra,basa saha budhaya Jawa
RACIKAN
SPONSOR
Polling
Waosan wonten dalem
Total of answers: 10
Ngetung Sing Teka

Total online: 1
Guests: 1
Users: 0
SPONSOR
Bisnis Dahsyat tanpa modal
Main » Guestbook [ New entry ]

Pages: 1
1-10 of 10 messages displayed
1. Hartoyo   (2009-12-10 12:57 PM)
0  
Salam kenal,

Kula pandhemen sastra Jawa, badhe nyuwun pambiyantunipun mbok bilih panjengan pirsa cakepan (teks) macapat 'slisir mareng tenggareng' dhandhanggula ingkat dipun awiti : dhedhep tidhem prabhawaning ratri, sasadara wus manjing kawuryan....... (kula boten apal lajenganipun).

Matur nuwun bikih panjengan suka paring pambiyantu.

Migi sanggar Triwida tambah maju, tansah nguri-uru kabudayan Jawi.

Nuwun.

Hartoyo


2. Juru Kunci Web   (2009-12-10 12:58 PM)
0  
PARA SEDHEREK INGKANG SAGET MIONANGKANI PANYUWUNIPUN SEDHEREK HARTOYO,MANGGA KATURAN! KAGEM SEDHEREK HARTOYO,MATUR NUWUN KAWIGATOSANIPUN!

3. Bintarto Padmosoewirjo [Sarungan]  (2010-02-20 8:49 AM)
0  
Para Pangemban Sanggar TRIWIDA ingkang minulya,
Nuwun,
Kulo pendhemen sastra Jawi, sampun dados pelanggan majalah Panjebar Semangat wiwit taksih alit ngantos dumugi kelas III SMP, lajeng kendel, lan wiwit tahun 1980an kulo langganan malih ngantos sapunika.
Eman dene saben-saben kulo kirim cerkak utawi geguritan babar blas mboten nate kapacak ing majalah wau, malah sapunika isinipun sampun kirang "nges" kangge kulo, kirang greget ing babagan geguritan utawi cerkak, kirang "su"sastra, namung ngemot seratan-seratan entheng.
Punapa kulo saged tumut ngisi geguritan utawi cerkak ing Sanggar Triwida, idhep-idhep tumut uri-iru basa JAwi?
Matur nuwun.

4. Juru Kunci Web   (2010-02-21 9:59 AM)
0  
Kagem Sedherek Bintarto Padmosoewirjo, matur nuwun kawigatosanipun saha kalodhanganipun anggen panjenengan kersa mampir wonten gardhu mayanipun Sanggar Triwida. Menawi anggen penjenengan ngrakit gurit saha cariyos dereng saged katampi wonten kalawarti basa Jawi, mbok menawi amargi kirang njamani. tegesipun, mboten kaslarasaken kaliyan kawontenan jaman sakpunika. Kamangka sastra gesangipun wonten kahana sakpunika,sanes kahanan ingkang sampun mungkur. Pramila sanget ing pangajeng-ajeng kula, panjenengan mboten nglokro anggenipun nyerat basa Jawi. Menawi panjenengan kersa kintun anggitan wonten mriki, sumangga. Nanging ngapunten, dereng wonten honoripun lho....! Mangga kakintun mawon dhateng email: edysantosa72@yahoo.co.id kemawon!

5. Aili   (2011-02-07 5:02 PM)
0  
Kangen kalian sedaya ingkang wonten 3wida

6. Aili   (2011-02-07 5:06 PM)
0  
WEB menika menapa to, pak narko, kok wonten kuncinipun ?

7. haniv   (2011-03-22 9:32 AM)
0  
ngapunten, bade nyuwun alamatipun keluarga bapak tamsir a.s ingkang enggal, nuwun

8. Juru Kunci   (2011-03-25 7:46 AM)
0  
Mas Haniv saged sesambetan lumantar HP kaliyan Ketua Sanggar, Kang Narko Sodrun! Mangga! Nuwun

9. Wendie Razif Soetikno   (2011-10-21 11:42 AM)
0  
Nyuwun kawidangetanipun,

Nami : Wendie Razif Soetikno, S.Si., MDM
Tampi ijazah saking : Asian Institute of Management, Manila, Philippines
Sapunika ngladosi dados : Kepala Litbang Yayasan Keluarga Bunda (ingkang yoso TK Maria Yasinta, SD Maria Fransisika, SMP Pax Ecclesia lan SMA
Pax Patriae, Bekasi)
Ingkang kawula lenggahi : Jl. Galaxy Raya No. 12 G - Jakasetia - bekasi 17147
HP : 0812 8649 1221
E-mail : liwendierazifsoetikno@yahoo.co.id
Facebook : Soetikno Wendie Razif
Twitter : @wendierazifs
Blog : http://putrafajar-putrafajar.blogspot.com

Nyuwun supados kawula saged dipun kintuni woro-woro kagem nderek Kongres Basa Jawi kaping gangsal wonten ing Suroboyo

Matur nuwun sanget saderengipun.

Ingkang nyenyuwun,

Wendie Razif Soetikno, S.Si., MDM

10. Rini NH   (2015-03-10 12:06 PM)
0  
Nyuwun pirsa menawi ngersakkake Crita Sambung NGLACAK SESOTYA WIDURI LUMUT caranipun kadospundi,,? Kula nate maos nalika taksih sekolah SD. Keng Ibu ingkang langganan. sakmenika raosipun kangeeen badhe maos malih. Nuwun.

1-10

MLEBU ADMIN
JUJUGAN
SPONSOR
SPONSOR
SPONSOR
Create your own banner at mybannermaker.com!
Make your own banner at MyBannerMaker.com!
Copyright MyCorp © 2024 Free website builderuCoz